Selasa, 15 Maret 2011

Ilmu Laduni Lan Cakra Manggilingan

Sejatine..,lamunta kita butuh kamulyan lan kaluhuran iku,saktemene kudu bisa ngupadi murih kabukane hijab utawa ngluwari lan ngresiki ing rasa jati sing wis tumus dening kasugihane alam sak isine kang lakune tansah nyakra-manggilingan (cakra manggilingan) tanpa leren sak lawase.


Kajaba saka iku sebab arange manungsa kang nduweni kaweruh kasampurnan lan kasunyatan mau amarga rasa jatine wis kalimputan dening kasugihan alam lan isen-isene,kanmongko daya kasugihane alam mau sejatine bisa anumusi marang rasa jati kang gawe kerem ana ing alam penasaran selawase mbanjur pada lali marang mula-bukane utawa asal-usule kamulyan.
Mula nyata banget anggone kita pada arang kang nduweni kaweruh mau sakbenere ora amarga saka gawat lan wingit,ananging amarga pada kurang banter anggone lelaku lan kurang anggone nyurasakake kitab-kitab lan kaweruh kamulyan jati.

Pambukaning hijab iku mau kayadening kang kasebut ana ing salah sawijine Hadisz Nabi yaiku : “MAN AROFFA NAFSAHU FAQOD AROFFA ROBBAHU” artine : Sapa kang weruh ing nafsune (dirine) ya bakal weruh hing Pangerane.
Uga kasebut ana ing Hadisz : “MAN AROFFA NAFSAHU BIL FAKIR FAQOD AROFFA ROBAHU BIL GHONI” artine : sapa kang wus weruh hing diri sifat apes,hina,kurang lan lali,ya bakal oleh sih saka Pangeran kamulyan,kaluhuran,kekuasaan sarta kawaskitan.
Mabnjur miturut dawuhing Gusti ana ing Qur`an ; “ALADINA JADUNUNA ANA ILLAIHI ROJI`UN” Artine : Sapa kang ngaweruhi Pangeran kelawan yakin,mangka temen-temen wong mau bakal bali ing Pangeran,anjumenengi ing sihing (Hidayah) Pangeran,bisa luhur,mulya,kuasa lan amisesa,mulya ing ndunyane ya mulya ing akhirate.

Dadi nyata banget lamunta wis pada yakin hing Pangeran mau bakal sugih banda raja brana,sampurna kaweruhe uga sampurna akale.
Ananging lamunta kosok baline : Yen kita sengsara ing ndunyane,kurang kaweruh lan kurang sampurnane akal wis mesti ya bakal nrima siksa ing ndunya tumekaning akhirat.
Dene kang mengkono mau selaras kelawan dawuhing Gusti kang unine : “LAHUM FIDDUNYA GIDZJUN WALAHUM FIEL AKHIROTI ADABUN ADHIM” Artine : ya kang hina ing dunyane ya bakal ina ing akhirate.
Dene yen kita arep angresiki hing rasa jati,kawusanane kita kudu ngaweruhi kasugihane alam lan isen-isene kaya kang katerangake ana ing serat sak wise serat iki.

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda