Kamis, 13 Januari 2011

Sasmita Layu

Langit sak nduwure cekok mondol peteng ndedet di barengi udan deres lan bledek ngampar-ngampar agawe geger saben sipat kewan lan manungsa kang ana ing sak kiwa tengene dusun kendal,lumebere banyu kalen ing ratan iku mbanjur anyipta bengawan anyar kang katon beno kaya segara.

Ana ing salah sawijine omah gedek tua mung di panggoni dening wong tua loro lanang wadon yaiku Ki Ajar Pambudi lan bojone Mbok Anjani katon repot nadahi banyu udan sing tumetes saka gendeng sing wis pada bocor,sawise nadahi banyu udan ana ing sak njerone omah Ki Anjar metu ing emper kanti tujuan mbenakne gendeng emperan menawa ana sing bocor.

Kaget atine Ki Ajar nalika lagi mbukak lawang,ora nyana yen ing emper omahe ana bocah muda kang lagi ngiyup tur teles kebes sandangane “Nuwun sewu mbah..,kula nderek ngiyup sekedapke mawon wonten ing mriki njih..???” ature bocah muda iku kanti melas.
“Iya ngger,ora pa-pa..,kene-kene mlebu kene wae sing ora adem” wangsulane ki ajar marang bocah muda iku karo mlaku mlebu omah,sasmita layu melu ngetutake lakune Ki ajar mlebu omah,sak durunge mlebu sasmita ngucap “Kulanuwun..”.
Ki Ajar mangsuli “Mangga ngger..,langsung mlebet kemawon,mangga pinarak ngger”.
Ki ajar nyalami tangane sasmita karo ngucap “Nuwung sewu lo ngger,panggenane njih kados ngaten niki,ngendi-ngendi pada bocor kabeh saben wanci jawah”.
“Ayo mangga pinarak” ature Ki Ajar marang tamune kang langsung lungguh nalika krungu pengucape Ki Ajar mrintah supaya lungguh.
“Nuwun sewu..,menapa mboten lakung sae bilih jengandika menika salin rasukan rumiyen ngger,kersane mboten masuk angin,ketingale rasukan ingkang panjenengan agem menika teles kebes” printahe Ki Ajar maneh “Bilih ngersakne bade salin mangga dateng sentong siseh tengen menika kemawon anggone gantos rasukan”.
Tanpa ngenteni aba maneh Sasmita Layu langsung mlaku njujug sentong tengen lan nglukar busanane ganti sing iseh garing kang di simpen ana ing tas ransel,sawise salin mbanjur Sasmita Layu cepet-cepet metu lan lungguh maneh ana ing kursi dayuh kang di lungguhi mau,sawise Sasmita lungguh mbanjur Ki Ajar takon marang Sasmita “Nuwun sewu ngger..,panjenengan menika di paringi asma sinten,lajeng dalemipun pundi..?”.
“Kula sasmita Mbah,Sasmita layu lare saking bancalono” wangsulane sasmita,tratap atine Ki Ajar nalika krungu asale bocah iku mbanjur Ki Anjar nerusake tembunge “Tebeh sanget dalemipun panjenengan ngger”.
“Injih mabah” jawabe sasmita karo mantuk-matuk.
“Lajeng jengandika menika wau saking pundi utawi bade tindak pundi..???” pitakone Ki ajar maneh “Sampun dalu kados mekaten kok taksih kebeteng wonten mriki..???”.
“Nuwun sewu njih mbah sak derengipun,sejatosipun kula niki mboten mangertos sampun saking pundike mawon saha bingung bade tindak pundi” jawabe Samita kang cahyane katon ngembang kacang karo ngucap.
Ki Ajar sansaya kaget,ngelus dada karo ngomong “Masyak Allah ngger..,sejatine pedut apa kang angliputi jengandika nganti kesasar tumeka ana ing kene iki”.
“Kula njih mboten mangertos” cekak jawabe sasmita pinangka pertanda yen bocah iku bener-bener lagi binggung kayadening lagi minger kiblate tanpa mangerti arah lan papan panggonan.
“Ya..ya..,ora dadi ngapa ngger..,saiki leremna disek penggalihmu ana ing kene sawuntara” pengucape Ki Ajar mbanjur mlaku mlebu ana ing omah mburi nemoni mbok Anjani sing lagi repot nyiapne mangan lan suguhan kanggo tamune.

Rada suwe ana ing omah mburi gemreneng swarane Ki Ajar karo Mbok Anjani kang lagi rembugkan “Mbokne..,tamune awake dewe ki ketoke lagi nandang masalah gede lan susah banget atine,mula iku,umpama sawuntara wektu ben neng kene wae kepiye” penjaluke ki  ajar marang bojone.

”Mboten menapa-napa bilih menika ingkang panjenengan kersakaken,kula namung nyumanggakaken kemawon ki” jawabe mbok anjani marang Ki Ajar,amarga mbok anjani uga rumangsa kasepen sawise anak siji-sijine Mbok Anjani lan Ki Ajar Pambudi wis ninggalake Mbok Anjani lan Ki Ajar selawase krana wis seda ninggal dunya,mula Mbok Anjani katon bungah banget nalika Ki Ajar nduweni usul yen tamune iku ben manggon ana ing omahe sawuntara lamunta tamune iku gelam.
“Ya wis nek sliramu ora pa-pa mbokne,aku tak mengarep maneh,iku segone ndang ti gawa metu ayo tak ewangi pisan,mesakne iko tamune yen ngenteni kesuwen” printahe Ki Ajar uga kang katon bungah iku.
”Mangga Ki..,kula derekaken” jawabe Mbok Anjani karo ngidit sego ana ing tumbu,tangane uga ora kosong amarga kiwa-tengan wis nyekel piring karo rantang wadah jangan kluweh.
Sak wise panganan siap ana ing ing dampar mbanjur Ki Ajar lan Mbok Anjani nyumanggakne Sasmita Layu mangan bebarenagan karo Ki Ajar lan Mbok Anjani.
Ing kunu katon sumringah cahyane sasmita kerana wis awit awan wetenge durung kelebon panganan apa maneh sega snadyan mung sak upa durung babar pisan. Uga katon bungah atine Ki Ajar lan Mbok Anjani nyawang yen tamune mangan ketok seger lan senang banget.
Sawise ngukuti piring lan pirantine mbok anjani mbanjur nyiapne wedang kopi lan camilan pala pendem tela godog,uwi,gembili kanggo suguhan tamune lan Ki Ajar anggone nerusake caturan ing dampar wengi iku.

Sawutara pada meneng kairingi dening sepine kahanan wengi iku Ki Ajar ngawiti tembung pinangka pambukane omongan supaya ben gak sepi ing wengi iku “Nuwun sewu sakderengipun njih ngger..,sedaya ingkang sampun kersane liwat lanjeng ingkang dereng dipun lakoni mangga dipun ati-ati supaya ora nguciwani ing tembe mburine” pambukane tembung Ki Ajar ngereh-ereh Sasmita Layu supaya rada adem atine kang mung sauri mantuk-mantuke Sasmita Layu karo ngrungokne swarane Ki Ajar,”Urip iku pancen ora gampang tur ya ora abot,amarga urip iku kena di anggep enteng nanging ora kena di entengne,uga kena di anggep abot nanging ora kena di anggep ngebot-ngeboti”,terus gunemane Ki Ajar “Kabeh iku kari sing kanggonan urip iku dewe,arep di apakne uripe mangga kersa ingkang kadunungan,nanging kang perlu di eling-eling yaiku nalika ana ing ndunya lan iseh kadunungan urip aja nganti kesasar anggaone urip mbanjur keblinger malik kiblate tanpa ngerti arah lan papan panggonan kang saiki uga ing tembe mburi”.
“Di ngapura njih ngger..,atur kula menika mboten ateges ngguroni utawa marahi nanging anggepen wae pinangka lelipure ati lamunta ana ati kang lagi peteng muga bisa gawe pepadange..hehehe..” tembunge Ki Ajar maneh karo ngguyu nduduhake untune sing wis ompong.
Sasmita Layu mung ngguyu nanggapi tembunge Ki Ajar uga rumangsa seneng ana wong kang gelem sesorah uga ngandani kaya Ki Ajar,pancen wis suwe ora ana wong kang ngandani utawa ngancani ngomong Sasmita Layu sak suwene minggat saka omah jalaran saben dina di uring-uring Bapak lan Simboke kerana ora gelem tandang gawe apa umume wong kampung bancalono lan kiwa-tengene.

Desa bancalono iku salah sawijine desa kang ana ing wates kuta magetan lan purwantara,pakaryan umume masyarakat ing kunu saben dina pada nandur sayur-sayuran pinangka kangge nyambung urip sakben dina,dadi ora mokal yen Sasmita Layu ora gelem ngewangi Bapak lan Simboke nandur sayur amarga awit cilik Sasmita Layu uripe kepenak uga bocah kang beda karo bocah liyane,awit cilik sasmita kena kasebut bocah sing mbeling,nanging sasmita layu tetep di senengi kanca-kancane amarga snadyan mbeling tapi ora tau ngrugekne liyan.
Sipat demen ngajine Sasmita Layu anyipta kapribaden kang nduweni prinsip-prinsip urip beda karo adat papan panggonane lahir nanging cilakane apa kang dadi patokan lan paugerane Sasmita Layu anggone nglakoni urip iku ora bisa di tampa dening masyarakat bancalono sak kiwa-tengene,mula sak liyane di arani bocah mbeling sasmita layu uga di arani bocah sing aneh amarga saben tumindak lan solah tingkahe nyleneh ora pada umume kanca-kanca utawa ora sak lumrahe.
Mula kerana jalaran saben dina di uring-uring lan keyakinan atine iku Sasmita Layu nekad lunga saka omah kanti tujuan pengen ngangsu utawa ngudi kaweruh snadyan dewekne dewe ora mangerti kudu neng endi utawa saka ngendi ngawiti lakune iku mbanjur nganti kesasar ana ing kendal Ngawi papan panggonane Ki Ajar lan Mbok Anjani manggon mau.


Suwene ngrungokne omongane Ki Ajar,Sasmita Layu rada ayem atine lan saya suwe gelem crita babagkan sapa sejatine dewekne lan kahanan kang sak benere marang Ki Ajar,ing kunu lagi padang angen-angene Ki Ajar krungu crita kang den critakne dening Sasmita Layu.
Maya-maya Ki Ajar takon karo mesem marang Sasmita Layu “Mbanjur kang mbok goleki iku kang kpiye kok nganti ninggalke omah nduweni tekad semunu gedene ngger”.
Sasmita njawab “Sejatose mboten katah ingkang kula padosi kajaba namung kasampurnane urip menika mbah” jawabe Sasmita layu kang cekak iku gawe gumun Ki Ajar amarga kayadening mokal banget,ana ing jaman kang uwis sarta modern iki iseh ana bocah kang demen ngudi kaweruh sing ora gampang tur ora tinemu nalar lamunta di nalarake dening kahan nyata saiki.
“Yen sira takon utawa golek kasampurnan ing ndunya iki sejatine ora ana kajaba Kasampurnane Gusti kang maha agung ngger,nanging yen sira bener-bener pengen ngudi bab kasampurnan,ana sitik gambaran bab kasampurnan lan kasunyatan” ature Ki Ajar marang Sasmita.
Bacut tembunge Ki Ajar “Muga-muga bisa mbantu uga cocok karo apa kang mbok karepne supaya bisa enggal ketemu apa kang mbok udi nganti tumekane kene iki”.

Derese banyu udan kayadening ngalahake kahanan lan nggawe bubrahe kaindahane wengi iku,nanging sempalan-sempalan tembung kang lumuntur tuwuh numusi kahanan ndunya agawe banter getering getih lan panas mobah-moseking pikir kayadening katon nyata lan padang ing mripat anggone nyawang kahanan bumi saiki,manunggaling rasa bisa sumundul langiting jiwa banjur katon byar padang ing paningal nalika mandeng jagad sak isine nompo racikan-racikan piwulang becik sarta luhur kang lumuntur saka piwulange Ki.Ajar Pambudi.
Sejatine caturan wengi iku nora ana kang wigati mungguh di gandengake kelawan kahanan jagad sing wis sarta modern iki,nanging snadyan kaya ngapa nora kena kaselak dening bathine saben sipat manungsa menawa sejatine urip ing ndunya iki sak liyane butuh kang bisa nyukupi kebutuhan lahir uga mbutuhake kebutuhan batin murih ayem lan tentreme urip,mula ora mokal lamunta ana ing jaman sing wis sarta modern iki iseh akeh manungsa kang pada ngupadi olah bathin kanti ngangsu kaweruh-kaweruh kebatinan sak lakune.

Nalika Ki Ajar Pambudi caturan kelawan Sasmita Layu ana ing tengah wengi kang wis mulai sepi,sekabehe panguripan pada meneng tanpa gunem kayadening sinirep dening kahanan katerangane Ki Ajar medarake kweruh-kweruh wigati mungguh ing patrape ilmu jawa uga kasebut kaweruh kejawen utawa sufi jawi.
Anggone Ki.Ajar nerangake babagan urip lan pati sing bakal mesti di lakoni dening saben sipat jalma kang urip ing alam ndunya iki ora ana kang luput saka pangrengene Sasmita Layu.

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda