Jumat, 14 Januari 2011

Anoman Duta

Dowo banget katerangane Ki Ajar ora kroso yen wektu wis meh wayah isuk,Ki Ajar kang tanggap marang kahanane Sasmito layu sing semune wis katon ngantuk iku mbanjur nyepetake anggone crito.
Crito sing di critakne Ki Ajar wengi iku njupuk soko crita wayang ramayana,snadyan wayang ramayana mung nyritakne bab tumpahing ludiro krono lelabuh marang katresnan nanging ing kunu akeh sasmitane piwulang-piwulang becik,mula bab kasampurnan lan ksunyatan sing di terangake Ki Ajar iku samitane ono gadeng cenenge karo lakon anoman duta ana ing crita wayang ramayana.


Ana ing lakon anoman duta kasebutake,nalika sang putri dewi shinta mbobot anyidam kidang kencana iku surasane anduweni kekareman utawa pangunek-enek ing bathin,sawise mengkunu mbajur sang ramadewa angupadi murih katurutane apa kang dadi pangunek-unek batine dewi shinta,anggone ngupadi supaya bisa ngleksanani apa kang dadi karepe dewi shinta mau mbanjur sang ramadewa klerem marang kahanane kidang kencana nganti kesasar-sasar ana ing satengahe alas panggonane para raseksa (buta),surasane kang di maksud ing kene yaiku : kerana tomak (kerem) marang kahanan nyata mau kapeksa sang ramadewa kelangan kewaspadan lan kewaskitane,mula nganti ora ngaweruhi kidang kencana kang di oyak-oyak iku mau sejatine kidang siluman.

Dadi nyata banget surasane ing kene lamunto sebabe rama ilang kewaskitan lan kewaspadane mau amung karem marang kidang kencana siluman merga nuruti sang putri shinta meteng anggembol pekareman ing kidang kencana siluman mau.
Sawise mengkunu banjur ramadewa gandrung nganti kelangan rasa jatine.
Mula ananing lelakon iki bisua dadi pangeling-eling tumprap saben sipat manungsa supaya ngelingi sejatine ing kahanan jagad iki gampang banget lan ora kurang cara anggone manungsa bisa lali lan kelangan rasa jati saktemene.

Cekak ing carita..,nalika sang ramadewa iseh bingung ana ing saktengahe alas gung liwang-liwung ora ngiro lamunta dewi sintha wis kaboyong ana ing praja ngalengkadiraja,surasane ing kene yaiku rasa jati kang kalimputan dening pirang-pirang kadunyan iku bisa agawe sebab tibane bebendu saka Pengeran amargo jalaran polah tingkahe manungsa iku dewe.
Mbanjur anggone ngluwari khajat sekabehe balak utawa bebendu iku mau banjur anoman kudu di obong,surasane ing kene yaiku : Kerana sakbubare kobong nafsu muda mau bisa gawe baline dewi shinta (baline rasa jati) pulih resik suci tanpa nila kaya weninge banyu bening,lamunta anoman iku ora di obong mungkin yo ora bakal bali lan nyucekake rasa jati utawa kaweningan.

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda