Jumat, 14 Januari 2011

Kaweruh Kasampurnan Lan Kasunyatan

Anggone Ki.Ajar nerangake babagan urip lan pati sing bakal mesti di lakoni dening saben sipat jalma kang urip ing alam ndunya iki ora ana kang luput saka pangrengene Sasmita Layu,semunu uga anggone Ki Ajar Nerangake bab Kasampurnan Lan Kasunyatan iku katon semangat banget kagambar ana ing cahyane kang katon sumringah tanpa lena ana ing kahanan kang wis meh ngancik isuk.

Wejangane Ki Ajar marang Sasmito Layu kang tanpa mandek kaya getering getih mlaku ing badan iku kebak surasa lan sasmito,mula Sasmito Layu ya ora gelem kelangan apa kang den ucapake dening Ki Ajar snadyan mung sak kecap.

Mungguh kang di arani kaweruh kasampurnan lan kasunyatan iku sakbenere kaweruh kang luwih wingit sarta gawat,sebabe di arani gawat lan wingit amargo dayaning kaweruh iku amengkoni sekabehing kasusastran,kewaskitan,kawaspadan,kamuksan (kelanggengan) lan jalaran anduweni kaweruh iku ugo kang bisa agawe sifat jalma ing alam ndunya bisa ambedak-mbedakne lan misah-misahake kahanan bathin kelawan kahanan lahir (ghaib lan wadak utawa ndunya lan akhirat).
Krana kaweruh iku ugo ora mokal lamunto ana kala mangsane yen ing jagad iki ana salah sawijining manungsa kang bisa ngaweruhi sebab-sebabe manungsa pada susah-bungah,beja-cilaka,sugih-miskin,kuwat-apes lan bisa ngaweruhi mulur-mungkrete kahanan ing alam padang pawenangan iki kabeh.

Asal-usule kaweruh iku mau ora liya kajaba amung saka leluhur kita kang wis anduweni kaluhuran lan kamulyan,yaiku kayadening para wiku lan pandita wicaksana (mursalin) kang tumurun marang anak-putu,sanak-sedulur nganti tumekane jaman saiki kang iseh tansah kauri-uri.
Lan ana ing tembung arab kang kawedarake marang para santri kaweruh kasampurnan lan kasunyatan iku uga kasebut kanti istilah iladuni,mbanjur bisane ngaweruhi kabeh iku mau lamunta sawuse pada bentur lan bantere laku anggone lelaku.

Dene miturut katerangane para kaum Sufi utawa ahli Tasawuf kang wis cedak marang sihing Pengeran,yaiku kang di arani kaum Muqorobbin lan kaum Ariffinbillah kang wus gowasul gowas kang mangertine wis anduweni sifat sidik permana,weruh sakdurunge winarah uga sak kecape nyata (ora goroh),lan tetembungan iku mau kayadening kerep banget katerangake dening para dalang sejati pinangka lantaran kang kaocehake ana ing salah sawijining lakon wayang.

Dene sebab-sebabe arang jalma manungsa kang anduweni kaweruh kasampurnan lan kasunyatan mau amargo pada kurang anggone nyurasakake kitab-kitabe para Muqorobbin lan Ariffinbillah,ugo kurang banter-benture anggone lelaku mbanjur pada kelangan kewaspadan lan kewaskitan pratitis pada kapusan dening kahanan nyata kang saktemene amung pangembo werna sujana kang bakal njlomprongake sifat landepe manungsa.
Gambaran ing nduwur iku mungguh ing lakon wayang kayadening kacritaake ana ing lakon wayang “Anoman Duta”.

Label:

0 Komentar:

Posting Komentar

Berlangganan Posting Komentar [Atom]

<< Beranda